"Senajan Lambemu Nganggur ojo Asal Njeplak lan Angger Mengo"

Penulis Dzikir Pikir | Ditayangkan 04 Apr 2017



LAMBE TURAH

Apa itu lambe turah?

Seperti ini..

"Kok jerawatmu tambah akeh?"

"Kok maleh luemuu to kowe ?"

"Rabi wes 5 tahun, kok ra meteng meteng mbak ?"

"Byuuh....meteng maneh, pingin nduwe anak piro sampean???

Nah...pitakon seng ngono iku sing diarani

"Lambe Turah"

Alias kengangguren..

Ngomong angger njeplak, ra nggatekno seng dijak omong, sing di takoni iku piye perasaanne!

Padahal tak kandani yo..

Misal, kowe koment perkoro jerawate kancamu..

Kowe weruh ta...koyo opo menderitane wong wedok seng jerawaten iku?

Ngalor ngidul golek tombo.
Angger dokter kulit di tekani.
Obat rego piro piro di tuku.

Ora usah mbok lokno jerawate iku lho..

Wonge wes menderita, minder, rumongso paling elek dewe sak ndonya.

Opo meneh lek angger pethuk, karepe temu kangen....pethukan konco lawas...

Eeee...bukane takon kabar..

Komentar pertama malah.

" Kowe...kok tambah lemuu to saiki..jerawaten..."

Piye perasaanmu jal ?

Klunung..klunung rasane pingin mulih, getun pethuk kowe.

Nek iso pengen mbeset pipi karo operasi sedot lemak sak naliko.

Terus maneh, perkoro anak.

Rumah tangga wes suwe, durung nduwe anak.
Seng nakoni ngalor ngidul

"Opo 'o kok gak meteng meteng?"

Iki pertanyaane wong pekok.

Lhah....wong anak iku lo urusane Gusti,
Kok yo di bahas.

Lak perkoro golek tombo...wes ojo takon.
Pasti pasangan iku wes riwa riwa, ikhtiar.

Mulai tekan dokter kandungan, dukun pijet...sampeeek jamu sembarang kalir di ombe.

Sak omongane uwong di jajal.

Dadi menengo ae lambemu, ra sah komentar.

Tambah nggarai loro atine uwong, duso!

Ngerti rak ??!!

Tapi wong jenenge lambe nganggur.

Ra nduwe anak di koment.
Nduwe anak akeh yo di koment.

Ngatase karek nyawang ae looo...kok jare melu kesel, melu riweng.

Ra melu ngedhen, ra melu momong, ra melu ngingoni,...kok yooooo urun rembug!!

Lek jareku wong seng ngono iku rung tau di tapuk malaikat lambene.

Rung tau ketatalan.

Rung tau ngrasakno seumur hidup diet, tapi awake ncen pawaan lemu.

Rung ngrasakno rasane jerawaten, padahal lo ra kurang olehe usaha golek tombo.

Rung ngrasakno rasane cilik ati.
Wedi karo mertuwo...mergo rung iso ngewei putu.

Rung ngrasakno nduwe anak siji, trus anak e mati.
Makane nyacat ae lak weruh uwong anake akeh.

Dadi yu...belajar ngemut permen, alias mingkem.

Ojo kakean komentar.

Dipikir sek lak arep ngomentari uwong sing mbok jak omong.

Ojo rumongso ayu dewe, tepak dewe.

Iyesss dewe !!!

Omong sak omong dipikir sik !

Ojo angger menga !!!

Oleh Icha Gamis Syar'i

SHARE ARTIKEL